Jumat, 13 November 2015

ULANGAN HARIAN MATA PELAJARAN BHS. JAWA KELAS 2 SD

                      Ingon-Ingon

Wong-wong padha seneng ingon-ingon 
Sing diingu ana sapi, kebo lan wedhus
Kewan-kewan mau diarani raja kaya
Ana uga sing ngingu unggas
Kayata pitik, bebek, menthok lan manuk
Raja kaya kanggo rewang wong tani
Mbantu nggarap sawah
Pitik, bebek dipurih endhog lan daginge
Jinis manuk dipurih oceh lan anggunane
Krungu manuk kutut manggung
Ati krasa marem lan tentrem


I. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI !

1.  Kewan apa wae sing diarani raja kaya ?

2.  Pitik, bebek lan menthok diarani apa ?

3.  Ngingu apa dipurih susune ?

4.  Ngingu manuk kutut dipurih apane ?

5.  Ngingu pitik diapek apane ?


II. WENEHANA TANDHA PING (X) ING WANGSULAN SING BENER !

6.   Ombak ............. kidul gedhe banget.
      a.  segara
      b.  segoro
      c.  segora
7.   Narto duwe kuthuk lima.
      Kuthuk iku anak ...........
      a.  bebek
      b.  dara
      c.  pitik
8.   Anak kewan ing gambar jenenge ..........
      a.  meri
      b.  miri
      c.  blengur






9.   Manuk dara lagi ngoloh ...........
      a.  bayine
      b.  piyike
      c.  precile
10. Endhog pitik sing dienggremi babone wis ........... kabeh.
      a.  lair
      b.  netes
      c.  mlethek
11. Aku ................... tanggal 2 Mei 2005
      a.  netes
      b.  lair
      c.  ndadari
12. Bulik .............. ing rumah bersalin.
      a.  mbabar
      b.  metu
      c.  babaran
13. Seminggu kepungkur sapine Jono .........
      a.  nglairake
      b.  babaran
      c.   manak
14. Arbi ngulukake layangan ing ............
      a.  lapangan
      b.  dalan gedhe
      c.  jero omah
15. Bis kota leren ing ...........
      a.  terminal
      b.  stasiun
      c.  pelabuhan


16.  Tulisan Jawa iki diwaca ......
       a.  tangi sare
       b.  lagi sare
       c.  lagi sore

17. Anake kebo iku jenenge apa ......
      a. belo
      b. gudel
      c. bleduk
18. Anake jaran iku jenenge apa .....
      a.  belo
      b.  gudel
      c.  cemeng
19. "Selangkung" yen di tulis angka iki yaiku .....
      a.  25
      b.  15
      c.  5
20. Satriya ing Pringgodani asmane .....
      a.  Abimanyu
      b.  Gathutkaca
      c.  Antareja

III. ISENANA !

21. Asu lan anake golek pangan.
      Anake asu jenenge ........................................

22. Kucingku wis nai.
      Anake kucing jenenge ..................................

23. Anak'e wedhus jenenge .................................

24. Wayan esuk. Srengege mletek ing sisih ............................

25. Ibu masak ing .........................

26. Bu guru rawuh ing ......................... Bocah-bocah klas loro baris.

27. Gedhang sing diimbu wis ................ Aku mangan siji legi rasane.

28. Nani tuku gula ing toko. Katrangan panggonan ukara iku ....................

29. Sardi sinau ing kamar. Jejer ukara iku yaiku ......................

30. Suramadu iku jenenge ..................


Tidak ada komentar:

Posting Komentar